gkj.lagu-gereja.com
View : 1863 kali
Download MP3 Music
TATA PANGIBADAH MINGGU 3 SÈPTÈMBER 2017
WULAN KATEKÈSÈ LITURGI
Irah-irahan: "Mawas ingkang Kagalih déning Gusti Allah"
 Katrangan Liturgi:
Pmp: Pemimpin; Psw: Pasamuwan; Pns: Pinisepuh; Dkn: Dhiaken
PRA LITURGI
-    Donga pribadi umat.
-    Bèl kapisan    : Donga konsistorium.
-    Pamaosing Warta Gréja (tumrap gréja ingkang ndarbèni padatan maosaken prakawis wigati saking pradataning pasamuwan).
-    Bèl kalih     : Tandha pangibadah kawiwitan.
LITURGI MLEBET
Kidung Pambuka (pasamuwan jumeneng)
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 6:1, 2 "PAMUJI ING PANGIBADAH"
- nalika pasamuwan ngrepèkaken kidungan,
para paraga pangibadah mlebet ing papan pangibadah -
Votum
Pmp        : "Pitulungan kita wonten ing asmanipun Gusti Allah, ingkang nitahaken langit lan bumi."
Psw        : (aklamasi) Amin, amin, amin.
Salam
Pmp        : "Sih-rahmat saha tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Allah, Sang Rama, lan saking Gusti Yésus Kristus wontena ing para sadhèrèk sadaya."
Psw        : Wontena ing panjenengan ugi.
Kidung Kasukan (pasamuwan lenggah)
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 6:3, 4 "PAMUJI ING PANGIBADAH"
Pangakening Dosa
Pns        : Sumangga kita ndedonga.

Allah Rama Ratuning sarwa tumitah, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, lan sadhéngah titah ing jagad raya murih lestan-tuning gesang kawula. Paduka ingkang nitahaken manungsa saking lebu sarta Paduka paringi napasing gesang. Paduka ingkang nitahaken sato-kéwan ingkang gesang sesarengan kaliyan kawula. Paduka ingkang nitahaken tetuwuhan minangka tedhan tumrap kawula. Paduka ingkang kuwaos nata samukawis ing jagad raya punika.
Sampun saprayoginipun pujèn saha pakurmatan konjuk Paduka. Sampun saprayoginipun kawula misungsungaken gesang murih Paduka agem manut ing karsa Paduka. Sampun saprayoginipun kawula ngambah margi ingkang Paduka gelar ing ngajeng kawula.
Nanging kasunyatanipun, kawula punika winengku ing karingkihan. Kawula asring damel sekel galih Paduka punapa déné damel gorèh manahipun sesami kawula kanthi tumindak ingkang remen nengenaken dhiri pribadi, nguja pekaremaning hawa-nepsu, saha pepénginan kamanungsan ingkang namung kanggé mbujeng pikajeng kawula piyambak. Kawula ugi asring ngrisak jagad kanggé ngudi pepénginan-pepénginan kamanungsan. Kawula asring kablithuk ing gesanging kadonyan namung kanggé mburu remen kawula piyambak.
Paduka karsaa ngapunteni kawula, manungsa ingkang sampun kécalan kamulyan Paduka. Paduka karsaa ngapunteni kawula, ingkang asring damel sekel galih Paduka kanthi rancangan, pratingkah, punapa déné tumindak ingkang sajatosipun tebih saking kaleresan. Paduka karsaa ngapunteni kawula ingkang asring damel gorèh manahipun sesami kawula amargi wohing pamawas, pitembungan, punapa déné lampah gesang atetales piawon. Paduka karsaa ngapunteni kawula jalaran kawula dèrèng saged gesang kanthi leres kados ingkang Paduka karsakaken. Dhuh Gusti Ratuning sarwa tumitah, Paduka karsaa myarsakaken pandonga panalangsa kawula punika.
Psw        :Amin.
Pawartos Sih-rahmat
Pmp        : Maosaken Matéus 11:28-30.
Kyrie - Gloria (pasamuwan jumeneng)
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 2:1, 2 "ALLAH MBABARKEN KWASANYA"


LITURGI SABDA
Paladosan Pangandika (pasamuwan lenggah)
Donga Paladosan Pangandika
Pmp        :Dhuh Gusti ingkang Maha Tresna, Paduka Sang Sabda ingkang manjalma. Sang Alfa lan Sang Oméga. Paduka mratélakaken prasetya tumrap umat Paduka saha Paduka ingkang mratélakaken karahayon tumrap sadaya titah Paduka. Paduka nuwènana kawula, Paduka ngendikani kawula kanthi Sabda Paduka satemah karahayon ingkang sampun Paduka babaraken tumrap kawula tansah sempulur lestantun. Roh Suci makarya wonten ing gesang kawula; mbikak talingan kawula ngrungokaken Sabda Paduka, ndayani nalar budi kawula nggegilut Pangandika Paduka, saha mberkahi kawula satemah kuwagang nindakaken dhawuh timbalan Paduka. Wonten ing asma Dalem Gusti Yésus, kawula nyenyuwun.
Psw        : Amin.
Pamaosing Kitab Suci
a.    Waosan I
Lkt        : Maosaken Yérémia 15:15-21.
        (sasampunipun maos) Makaten pangandikanipun Gusti.
Psw        :Puji sokur konjuk Gusti.    
b.    Waosan Tanggapan
Lèktor lan pasamuwan gentosan maos Jabur Masmur 26:1-8.
c.    Waosan II
Lkt        : Maosaken Rum 12:9-21.
        (sasampunipun maos) Makaten pangandikanipun Gusti.
Psw        :  Puji sokur konjuk Gusti.
d.    Waosan III
Pmp    : Sami nampènana Injiling Yésus Kristus manut paseksining Matéus 16:21-28.
(sasampunipun maos) Makaten Injiling Yésus Kristus. "Ingkang rahayu inggih punika ingkang sami mirengaken Sabdanipun Allah lan dipun gatosaken." Haléluya.
Psw    :    (aklamasi) Haléluya, Amin [4X].
Kotbah


Wekdal Ening
Kidung Doksologi (Nggunggung Gusti Allah)
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 7:1-3 "PUJI KONJUK ALLAH"
Pangakening Kapitadosan
Kapimpin déning pinisepuh.
Donga Syafaat
Kaladosaken déning pemimpin.
LITURGI PALADOSAN MÉJA
Donga Rama Kawula
Kapimpin déning pinisepuh.
Pisungsung
a.    Ayat Tetales
Dhiaken maosaken ayat tetales saking 2 Korinta 8:1-3.
b.    Kidung
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 141:1 "GESANG DADOS KIDUNG"
c.    Ubenging Kanthong Pisungsung
Nalika kanthong pisungsung kaubengaken, organis ngungelaken instrumentalia.
d.    Kidung (pasamuwan lenggh)
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 141:1 "GESANG DADOS KIDUNG"
e.    Donga
Kapimpin déning dhiaken.
LITURGI PANGUTUSAN
Pangutusan
Berkah
Pmp    :    "Pangéran Yéhuwah maringi berkah dhateng panjenengan lan ngayomi panjenengan. Pangéran Yéhuwah nyunaraken cahyaning wadananipun dhateng panjenengan lan maringi sih-rahmat. Pangéran Yéhuwah nungkulaken wadananipun dhateng panjenengan lan maringi panjenengan tentrem-rahayu."
Psw        : Amin. Puji sokur konjuk Gusti.
Kidung Pungkasan
Pasamuwan ngrepèkaken KPK 193:1, 2 "MUNG SAWIJI KABEGJAN SEJATI"











Selanjutnya:

TATA IBADAH MINGGU 10 SEPTEMBER 2017 BULAN KATEKESE LITURGI


Sebelum:

TATA IBADAH MINGGU PRAPASKAH V GKJ



MENU UTAMA:
Kidung Pasamuan Jawi (KPJ)(1)
Alkitab JAWA Prajanjian Lawas(1)
Bacaan Alkitab GKJW 2026(1)
Bacaan Leksionari GKJ 2025(8)
Bacaan Leksionari GKJ 2026(12)
Contoh Tata Ibadah GKJ(29)
Kalender GKJ 2017(7)
Kalender GKJ 2018(12)
Kalender GKJ 2019(12)
Kalender Liturgi GKJ 2023(12)
Khotbah GKJ 2016(1)
Khotbah GKJ 2025(21)
Khotbah GKJ 2026(5)
Khotbah GKJW 2026(7)
Kidung Pasamuan Jawi (KPJ)(177)
Kidung Pasamuwan Kristen (KPK)(8)
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar (KPKA)(345)
Kidung Pasamuwan Kristen Lawas (KPKL)(171)
Kidung Ria GKJW(33)
Klasis Gereja Kristen Jawa (GKJ)(32)
NA(1)
Pembacaan Alkitab 2016(1)
Renungan GKJ 2022(29)
Renungan GKJ 2023(13)
Renungan GKJ 2024(1)
Renungan GKJW 2024(4)
Tata Ibadah GKJ 2024(2)
Tentang GKJ(3)
xx(166)
xxx(4)

Arsip Contoh Tata Ibadah GKJ..


Register   Login  


Tags:

Kalender Liturgi GKJ Juni 2023


Kostenlose Backlinks bei http://backl.pommernanzeiger.de Seitenpartner www.condor-bbs.com Rankingcloud.de - Hosting in der Cloud Suchmaschinenoptimierung Kostenloser Auto-Backlink von www.cheers2.de